Kamis, April 15, 2010

Mbanyol Thokkk

I. Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah.
Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.

Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris.
Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.

Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone.
Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.

Pas komandan ngecek barisan.
Barisan sing pertama akeh pol…
Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi

Komandanne takok nang muntiyadi :

Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.
“Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi


II.
Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu.
Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan, waduh sempel wong iki pikire.

Seko pinggir embong Muntiyadi mbengoki bojone.

"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik" jare Muntiyadi ambek bengok-bengok.

"Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak perahu nang tengah segoro" jare Romlah.

"Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom, wong kelakuanmu pancene koyok ngono. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare Muntiyadi emosi.

"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek iwak " jare Romlah.

"Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi muntap.

"Gak gelem!! " jare Romlah.

"Tak gibheng lho yo !!!" jare Muntiyadi.

"Rinio lho lek wani !!" jare Romlah.

"Oo... saking ae aku gak isok renang"

III.
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."

.IV.

Brudin pethuk Wonokairun kate budhal nang sawah.
“Laopo isuk-isuk kok wis mlaku ambek bedhes lungset kumus-kumus ?” jarene Brudin.
“Ooo pancene picek, sing tak tuntun iki jenenge wedhus dhudhuk bedhes !!” jare Wonokairun.
“Lho aku gak takok peno!!. Aku pancene takok nang wedhuse.” jare Brudin. Ooo awas kon yo !! pikire Wonoklairun nggondhok.

Mulih seko sawah, arek loro pethukan maneh. Moro-moro Wonokairun ngentut mak dut !!. Brudin muring-muring.
“Damput, pancene dobol. Ngentut sembarangan” Brudin meh nggeblak gak kuat ambune.
“Saiki kon tak takoni, ngentut iku apik opo elek ?” jare Wonokairun.
“Yo mestine elek mbah..” jarene Brudin.
“Lha mulakno tak buak” jarene Wonokairun.
“Lek misale tak jawab ngentut iku apik, terus opoko ?” takok Brudin.
“Lha mulakno kon tak ke’i….”

V
Stasiun
Wonokairun teko nang stasiun Gubeng, pethukan ambek Brudin dhodholan es.
“Din, sepur nang jakarta wis liwat tah?” takok Wonokairun.
“Wah telat sampeyan mbah, wis budhal jam pitu mau . .” jare Brudin.
“Lek sepur nang banyuwangi wis liwat tah durung ..? takok Wonokairun.
“Lho sik tas ae Mbah, kiro-kiro sepulung menit kepungkur . .” jare Brudin.
“Lek sepur sing nang semarang wis liwat tah durung . .?” takok Wonokairun.
“Oooh lek iku mengko awan jam rolas budhale. Sik tah Mbah, ben sepur sampeyan takokno !! Sampeyan iku sakjane arep nang endhi ? ” Brudin bingung.
“Arep nyabrang . .”

VI
Dhuwik sewu
Wonokairun mbecak mulai isuk sampek awan gak oleh penumpang. Dhuwike kari sewu tapi kerongkongane ketelak pol.
Moro-moro Brudin lewat nyurung rombong es gronjong. “Din, dhuwikku mek sewu, iso gawe tuku es tah ?” jare Wonokairun.
“Iso mbah, tapi es batu thok gathik setrup.” jare Brudin. Medhite rek pikire Wonokairun, uawas kon yo..
Sisuke Wonokairun pethukan ambek Brudin mulih pasar mari kulakan. “Mbah, dhuwikku kari sewu, iso gawe numpak becak tah ?” takok Brudin.”Iso Din, tapi tak pancal thok gathik ngerem…”

VII.
Cegatan
Wonokairun kepingin ngojek, soale lek mbecak royokan penumpang kalah terus. Isuk-isuk Wonokairun wis sliwar-sliwer belajar numpak bronpit. Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat pulisi. Tibake pulisine ikut Bunali, tonggone dhewe.
“Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! ” jare Bunali.
“Ono nang dompetku” jare Wonokairun.
“Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggak nggowo SIM” jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo SIM.
“Waduh iyo, aku lali nggak nggowo SIM . .” jare Wonokairun.
“Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah” jare Bunali.
“Kon ojo athik ngelamak ambek aku lho yo !!!. Sik tas lulus Watukosek ae wis kemenyek atene nilang !! Gak isok !!!” Wonokairun nguamuk.
Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno gak sidho ditilang.
Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh.Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat Bunali maneh.
“Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! ” jare Bunali.
“Ono nang dompetku” jare Wonokairun.
“Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggowo STNK” jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo STNK.
“Waduh iyo, aku lali nggak nggowo STNK . .” jare Wonokairun.
“Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah, iki wis ping pindho sampeyan pelanggaran” jare Bunali.
“Gak isok !!!! Tak pongor mencelat mbalik nang watukosek kon yo !!! ” Wonokairun nguamuk maneh.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno maneh gak sidho ditilang. Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh, saiki wis wani rodho adhoh. Bareng mlaku wis oleh 5 km, dhadhak pethuk Bunali maneh.
“Ayo minggir !!!, Aku saiki wis gak lali, STNK, SIM lengkap kuabeh. Iki lho dheloken, helm, jaket ambek sarung tanganku yo anyar kuabeh. Hayo kate lapo kon !!! ” jare Wonokairun suombong.
“Yo wis mbah, aku yo gak katene nilang sampeyan, tapi aku mbadhek sampeyan sik ono sing lali maneh ” jare Bunali.
“Gak mungkin !! Lali opone . .?” Wonokairun bingung,
“Laopo sampeyan mancal becak ? Lha bronpite endhi ?”

VII
Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.
"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali.
"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.
"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?" Bunali mulai bingung.
"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun.
"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae." Bunali tambah bingung.
"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.
"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.
"Aku lali ndhik endhi omahku . . . ."