Metu tekok bioskop, udan gerimis. Yus sing boncengan karp Goes Is nekat wong mandhak gerimis ae. Tapi bareng tekok ndalan kok tambah deres. Kepekso ngayup dhisik. Kancane akeh. Yus ngadeg idhek arek pacaran, tibanya Tiwok ambek Pitra. Arek loro glenik-glenik.
“Wis Wok, diterak ae udane. Sampek isuk gak terang-terang,” jare Yus
Yus njukuk jas udan ijo. Kabeh melok-melok. Tiwok yo mbukak jas udan ijo. Yus age-age numpak sepedha. Jas udan dikrukupno. Tiwok yo ngono. Yus nyeluk Goes Is cik ndang age-age numpak. Tiwok nyeluk Pitra yo cik cepet nyengklak.
Pitra mara. Arek iku langsung nyengklak. Tangane gocekan bangkekan rapet. Maklum rek, pacaran kathik udan-udan. Goes Is yo langsung mbonceng. Rhueng… kabeh budhal nerak udan.
Tapi Yus gumun. Kok Goes Is olehe ndhekep rapet temen. Kathik ambune Goes Is kok wangi wong mau mambu kecut. Bareng ngliwati kuburan, Yus kuaget sepedhahe kejanggul watu. Untunge sing nang nggurine gak tiba wong gocekane kenceng. “Iki tekok endi se...?"
Yus merinding. Lho… kok suarane Goes Is malih alus? Ojok-ojok pas kejanggul mau Gos Is diijoli genderuwo? Wangine melati. Bangkekane Yus dijiwit. Wadhuh… kok kukune dawa? Lha iki mesthi kelompoke kuntilanak. Nang ngarep pos satpam Yus mandheg dhiluk. Arek iku ngelirik tekok kaca gedhe. Angin pas nyibak jas udan. Rambut dawa sing nang nggurine klebat.
“Huaaaa… kuntilanak!” Yus gak isok ngempet wedi.
“Huaaaa…!” kuntilanak nang nggurine yo mbengok. Satpam sing jenenge Agus mlayu-mlayu marani. Bareng jas udan dibukak lho…Pitra sing nemplek gegere? Lha Goes Is nang endi?
“Lho sampeyan tak kira Tiwok. Lha mau jas udane padha,” jare Pitra bingung.
Tiwok sing arep ngeterno Pitra nang Pondok Cinta langsung semaput bareng weruh Pitra sing ayu kinyis-kinyis malih dadi Goes Is.