Pendik nyacak sepedha montor anyar duweke Ning Ya, tanggane. Kathokan kolor, durung adus, durung raup, arek iku wis nyengklak. Maune kate muter-muter dhiluk nang ngarep gang. Bareng tekok embong, Pendik bablas.
Tapi apes, tekok ngarep ono pulisi. Pendik langsung disemprit. Lha yok opo pancen gak nggawe helm, gak nyekel SIM, gak onok STNK wong pancen kathokan kolor. “Walah, ditilang, rek!” Pendik bingung. Untunge onok gang, langsung dileboni.
Pulisi sing jenenge Pi'i mesthi ae muring-muring. Arek iku diuber mlebu gang. Pendik gak kurang akal. Menggak-menggok nang dalan tikus. Tapi walah… kok gang buntu. Gang cilik iku notok tekok jedhinge wong. Saking gupuhe Pendik njagang sepedha. Kasur apek sing dipepe disaut ditutupno sepedha cik gak ketoro.
Weruh onok sarung ambek andhuk disampirno nang lawang jedhing yo disaut. Sarung dinggo, andhuk ditutupno endhas. Mari ngono Pendik ndhodhok epok-epok antri jedhing. Pulisi Pi'i mandheg nang ngarep gang. Pulisi iku mudhun soale ngerti lek gange buntu. Tolah-toleh bareng ketok onok arek ndhodhok ditakoki. “Cak, weruh arek sepedhahan biyayakan mlebu gang iki?”
Pendik epok-epok mulet krasa mules. “Aku kaet mau antri jedhing gak onok arek liwat.”
Pulisi Pi'i yo rodok gak percoyo. Pendik langsung nyekeli bokonge. “Sepurane, Cak Pulisi, aku kate ngentut. Iki mau antri wis rong jam.”
Weruh Pendik kate mbledhos, Pulisi Pi'i langsung ngalih. Tapi yo jik noleh maneh sajak gak percoyo. Bareng suara sepedhahe Pi'i wis gak krungu, Pendik age-age mbongkar kasur. Sarung ambek andhuk diuncalno. Sepedha montor distater… wher… bablas.
Saiki sing bingung Cak Sur sing nang njero jedhing. Koyok sulapan andhuk ambek sarung sing disampirno lawang jedhing ilang. “Hoi… rek! Ojok guyon ta. Mosok aku ucul thili-thili. Lak koyok paklike thuyul!”