Kapanane pas Tiwok mulih soko Negoro Cino, disambut koyok walikota. Mulai tekan gang Samndela83 kebeh wis baris rapi nyalami. Mulai satpam sampe penjaga parkir podo nyalami kabeh. Opo maneh Pitra arek ayu iki wis nyambut nang pendopo. Yus karo Goes Is mencep eruh Pitra nyalami Tiwok.
"Yus engko nyilih korekmu yo gawe nyumet kue tart selamat datang ben disebul Tiwok" Jare pitra. Sing dipeseni mecucu. Yus nyenggol Goes Is. "enake diapakno wong siji iki?'
Pitra langsung nggandeng Tiwok mlebu nang pendopo. "Wok iki lho onok kue tart khusus ta gawe'no kanggo nyambut awakmu teko soko Cino. Disebul yo Wok liline".
Tiwok langsung pasang aksi. Opo maneh eruh Yus karo Goes Is motret. Disebul pisan ga mati. Disebul pindho, pancet. Disebul sampek raine abang, liline gak obah. Isin ambek Pitra, Tiwok pasang ancang-ancang ambegan dowo mari ngono nyebul. Lha kok onok imbuhe broooootttt.....entute melu metu. Pitra mblokek-mblokek. Yus karo Goes Is mesam-mesem." Ndang cabuten kabele sing nang lampu lilin Goes, cek matek liline. Mbok sampe ngeden lilin gak kiro matek nek ga mbok cabute kabele" Jare Yus.