Cak Sur budhal nyambut gawe biyayakan. Tangi mbangkong, embong kadhung rame. Sepedha montor gak isok ngebut. Kudu pinter-pinter nggolek celah. Cak Sur koyok slilit untu, menggok ngiwa, ngeles nengen, maju thithik, sampek isok nyabrang rel sepur ndhuk Jl A Yani. Tapi kok pancet ae macet.
”Laopo ae se wong-wong iki? Mosok sak Suroboyo mbangkong kuabeh koyok aku?” batine Cak Sur.
Lek nyetir mbalik koyok slilit. Kecepit-cepit cik cepet. Tapi bareng isok nyalip tekok kiwa… bruuuak! Sepedhae nubruk Pendik sing nggawa angglek, keranjang guedhe ngiwa-nengen ndhik goncengan. Kangkung rong engglek numplek. Pendik muring-muring.
Cak Sur gak isok ngeles. Timbangane wong ndhik embong muring-muring merga macet, kathik cik gak diparani pulisi, Cak Sur mbayari kangkung sing numplek, Rp 100.000. Kangkung sing isok digawa, dicangking. “Cik dimasak arek-arek nang kantor,” pikire Cak Sur.
Lha kok gak kapok, menene Cak Sur mbangkong maneh. Biyayakan maneh, nubruk enggleke Pendik maneh. Sing digawa saiki gedhang. Batine Pendik surak-surak, “Wah, mesthi ditempuhi maneh. Saiki aku njaluk luwih larang.” Pendik njaluk Rp 300.000 merga gedhange larang. Rumangsa salah, Cak Sur gak mbantah.
Menene -amit-amit jabang bayi–Cak Sur krinan maneh. Biyayakan maneh. Saiki Pendik wis nyegat dhisik. Arek iku lek ngonthel sepedha engglek sengojo mlethat-mlethot. Bareng Cak Sur kate liwat, Pendik langsung ngglimpang. Isi enggleke dadi sak embong. Cak Sur mecucu.
“Mosok telung ndina aku kudu nempuhi terus? Sing iki gak katene!” jare Cak Sur. Pendik muring-muring, tapi Cak Sur gak ngreken. ”Lha laopo aku nempuhi pete sak embong? Opo njaluk kali sak Suroboyo mambu pete lek tak gawa nang kantor?!”