Yus karo Goes Is golek wedhus kanggo Idul Qurban. Wis muter-muter kabeh gak onok sing cocok kanggo Goes Is. Yus sing ngeterno sampek mangkel.
"Iki lho apik wedhuse, guedhe, untune yo gak bolong, irunge mbangir ambune yo ga lebus..." jare Yus.
"Iyo wedhus iki jenenenge James Bond..." jare Bas sing dodol wedhus.
"wedhus ae jenenge James Bond...guayaa.." jare Goes Is karo molak malik wedhus onok rolas.
"Awakmu iki niat tuku opo gak ...ket mau molak malik wedhus ae... sing mbok inceng iki apane .." Bas mecucu.
"nek arep molak malik wedhus kono nang merapi akeh wedhus gimbal.."
Diprenguti karo Bas, akhire Goes Is tuku James Bond. Tapi Goes Is bingung, yok opo carane nggowo James Bond, mosok diadahi kresek opo karung.. wong Baskoro nggak onok servis antar jemput wedhus.
"Yo digonceng telu ae, James Bond nang tengah.." Usul Bas.
"lha lungguhe James Bon yok opo mosok mekangkang..engko nek disemprit pulisi belaen" jare Yus
"Wis pangkuean ae Goes.... awakmu kan nggowo sarung, krukupen James Bond-mu ben dikiro nongko" Jare Yus. Goes is manut arek iku mangku James Bond, untunge wedhus iku kok yo manut dikekep Goes is. Be'e sarunge Goes Is dikiro emboke...
Tekan dalan dadak onok polisi wedhok jenenge Lilik. Wah belaen, polisi iki terkenal judes pol. Nggawe spion kuwalik ditilang, nggonceng madhep mburi ditilang, nggawe helm bolong ditilang... wis hobine ancen nilang wong sitok iki.
"Goes, James Bond-mu krukupen ben gak kethok pulisi iku... gendongen sing enak, engko ditilang". Jare Yus gupuh. Pas arek loro iku lewat nang ngarepe Lilik... Lilik ngowoh, sempritane langsung mlorot ceblok. De'ne heran laopo arek loro iku mangku wedhus koyok mangku anak...