Sabtu, November 13, 2010

Tampil

Lilik latihan nyanyi sampek lawang jedhing jebol. Yus ngomel-ngomel. “Mosok se nguyuh ae sampek nggarai lawange jebol?”

Lilik mrenges. “Rumangsaku iki mau koyok gayane Vierra gak eruh lek engsel lawang wis jebol.”

Lilik kate melok ‘pencarian bakat’ ndhuk Trans TV. Makane olehe belajar nyanyi sampek disangkakno kate dodolan tape mumet kampung. Tapi gak mik Lilik sing kate budhal ndhuk Jakarta. Agus gak gelem kalah. Arek iku jare kate pamer musik kepret. Yok opo se?

Agus praktik, cucul kaos. Mari ngono tangane dislempetna kelek, diobahna. Pret-pret-pret. Sing nggarai seje, Agus isok nggawe nadha do sampek si ambek keleke. Arek iku nyanyi lagune ST12 diringi kepretan kelek. Pokoke jurine sing kuat ae.

Eruh Agus kate nang Jakarta bandha kelek, Tiwok  langsung latihan. “Aku kate nggawe sing seje.”

Lilik langsung krasa gak enak. “Wis, gak usah dipamerna, Wok. Aku gak kepingin eruh.”

Tiwok jare wis nyepakna atraksi. “Aku kate nyanyi ambek ngupil. Gurung onok sing nglakoni. Iki mesthi unik.”