Goes Is sing winginane wis tuku wedhus James Bond karo Yus ijek pingin tuku maneh, sungkan rek karo santrine mosok cuma wedhus siji tok. Tapi dekne saiki budhal dhewe golek wedhus, Yus gak gelem ngeterno maneh mergo sepeda motore mambu wedhus Pitra emoh digonceng Yus.
Goes marani sing dodol wedhus. Wah iki mesti sabar wonge, sing dodol rambute putih mesti bijaksana. Ngono batine Goes Is pas nontok sing dodol wedhus rambute wis putih kabeh, jenenge Agus. Opomaneh jenenge memper karo dirinya mesti murah wong seduluran.
"Wedhusmu lemu-lemu yo ... dipakani opo iki rek?" takok Goes is padune ben dike'i murah.
"Sing ndi sing ireng opo sing putih ?" Takok agus
"Sing ireng.."
"Ooo nek ireng iku tak pakani suket"
"Lha nek sing putih..?"
"Yo podo ae suket kabeh..."
"Pirang kranjang suket panganane kok nggrangsang..." Goes takok maneh
"Sing ndi...?"
"Sing ireng iku lhoo kok mangane telap telep.."
"sing Ireng iku entek 3 kranjang mbendinone.."
"Lha nek sing putih..?
"Podo ae.. 3 kranjang.."
Goes Is rodo mangkel, ditakoni bolak balik mesti ganti takon sing ireng opo sing putih wong jawabane mesti podo kabeh.
"Gak ngono se, sampeyan iku angger aku takok kok ganti takok maneh sing ireng ta sing putih wong jawabene podo kabeh..."
"Lha awakmu ga ngerti ta iki wedhuse sopo...?" Agus mencureng
"Lho opo bedho ta sing nduwe wedhus iki...sing ireng iki dhuwe'e sopo lho...?
"We'anku..."
"Lha nek sing putih iki...?"
"Yo we'anku sisan...arep la'opo... takok-takok ket mau gak tuku-tuku..." Agus nggremeng