CIK abote se kate dadi bupati. Artis-artis semlohe sing wis siap-siap bengesan dadi wurung. Lilik sing diusung Partai LS83 (ludruk Smandela83) yo pingin nyalon jadi bupati, opo maneh dekne wis kondang mergo dadi bintange ludruk Smandela 83.
“Lek duwe bupati ngetop merga tau dadi pemeran utama ndhuk ludruk smandela83, rakyate lak isok nontok bareng koyok nontok Piala Dunia,” Lilik nggremeng.
Yus gak ngreken. “Bupati utawa calone iku kudu sopan. Nggawe klambi sopan, ngomonge sopan.”
Lilik mecucu. “Pas dadi sundel bolong ndhuk cerita ludruk smandela aku lak yo sopan, ngguyuku mik cekikikan gak tau mangap-mangap. Klambiku sopan, dawa sampek ngisor masio gegere bolong. Lha yok opo, mosok sundel bolong jaketan?”
Goes Is nambahi, “Iki berlaku digawe calon bupati ambek wakile kuabeh, gak lanang gak wedok. Sopan iku gak ngentut sembarangan, gak ngupil ndhuk embong, lek glegeken gak entuk banter.”
Lilik mecucu, “Ealah, dadi calon bupati gak entuk ngupil.”