Sabtu, November 13, 2010

Saiki usum nggawe band. Suarane pas-pasan gak opo-opo sing penting gaya. Opo maneh lek isok tampil nang ludruk Smandela83 waduh… mesthi ngetop. Agus, Sugeng, Yus, Goes Is nggawe band jenenge "ELEK YO BAND", Agus (kibord ambek nuthuk drum), Sugeng (gitar diselingi nabuh kendhang), Yus (suling karo ngiderne mike), Goes Ia (vokal ditambah tugas nggawekno kopi). Biasane nyanyi lagune Nidji.  Gayane Goes is yo puersis koyok Nidji. Malem Minggu wingi  Pitra ulang tahun nanggap band "Elek yo band.". Tapi Goes Is wis seminggu pilek. Suarane bindheng. Gak memper Nidji blas.

“Wis, nyanyi awu-awu ae. Tak puterno CD, Goes Ia sing umik-umik ambek gaya. Ojok lali gayamu sing heboh cik gak onok sing nontok lambe,” jare Sugeng. Kabeh setuju.
Lagune Nidji  diputer. Goes Is langsung umik-umik ambek gayane koyok Nidji mencolot-mencolot koyok uler keket,  cik lambene gak ketok. Bareng dikeploki, Goes Ia tambah gunggungan. Sirahe diputer-puter koyok Trio Macan. Saking bantere olehe muter2no, jedhuak… bathuke natap amplifier. Goes Is ngglethak, ngelu.

Agus ambek Yus langsung nulungi. Tapi Sugeng  lali gak mateni suarane Nidji. Sing nontok bingung. “Areke klenger tapi kok isok nyanyi,” jare Lilik kancane Pitra. Wah, gawat. Sugeng langsung nyaut mikrofon. Arek iku ganti sing umik-umik nerokno suarane Nidji.  Agus age-age nyeret Goes Is.
“Wah, hebat yo band Elek yo Band  iku. Suarane podho. Aku malih eling Nidji,” jare Lilik. . Pitra nggremeng mbatin, “Pancen podho rek. Podho sempele.”