Selasa, Agustus 17, 2010

KOPYAH GEDHEK

 Wonokairun masio wis tuwek ngono, jarene mbiyen tau meguru nang pondokan. Ilmu opo ae wis dipelajari.
"Sik to mBah, aku ga percoyo nek sampeyan iki tau nang pondo'an" Jare  Pi'i .
"Ooo..koen ojok sembarangan karo aku yo.... ilmuku iki wis dhuwur, nek perlu aku iki isok ngilang" jare Wonokairun suombong.
"Mosok seeh  mBah... coba njajal ngilango opo sampeyan iso mbalik maneh. Paling-paling ilang terus ga mbalik-mbalik maneh" jare Pi'i.
"Lha awakmu ga percoyo ta nek nek aku nduwe ilmu Lang Ling Lung..."
"Ilmu opo mBah kok aneh jenenge.."
"Iku ilmu sing iso ngilang sing ta kandakno nang awakmu mau, tapi nek ngetokno aji-aji iku kudu ngawe kopyah"
"Lha.. wong kopyah akeh, iki lo onok kopyah pating crentel" jare Pi'i karo njukuk kopyah sing nyanthol nang tembok.
"Yo wis tontonen aji-ajiku iki" jare Wonokairun guaya. Karo ngrapel aji-ajine dekne masang kopyah.
Gak suwi, Pi'i kaget... sirahe Wonokairun obah-obah, tambah suwi tambah banter. Tambah suwi tambah koyok kitiran. Masio heran, pikire Pi'i aji-ajine pancen kudu ngono.
"Hee... kurang ajar koen yo,  iki kopyah akeh tinggine tontonen ndasku bendol kabeh..." Jare Wonokairun